Geguritan Rg Bagus Warsono: Bocah-bocah Mbuangi Sega
Geguritan Rg Bagus Warsono
Bocah-bocah Mbuangi Sega
Masih ingit zaman semana
Ibu ngandika aja mbuangi sega
Dewi Sri ora nrima pamali ya
Sega saka beras inget bapa tani
Ngrekasa nyambut gawe awit ngolah siti sampe nutu beras.
Diajari ngarti ngormati beras
Sega sing dipangan ben dina
Sapa sing ngarti ngormati sega
Bakal ora susah nemoni sega
Urip bakale mulya
Ora payah nemu pegawean
Beras dadi cedak awak
Saiki pemerentah nganani MBG
Mangan awan jarene bergizi
Nyatane embuh
Bocah sekolah kebagian kabeh
Wiwit SD sampe SMA
Pak lan Bu guru ngongkon mangan awan
Ora mbayar ning sekolah
Ayo dipangan ekeh gizine
Bocah bocah nyekel omprengan mangan awan
Nanging ora manjing ning cangkem
Jalaran ora seneng
Embuh apa sebabe
Becoh wedi karo gurune
Sega dibuang ora katon guru
Saben dina ember sampah akeh semut
Sega lawuan dibuang
Saben dina
Dewi Sri nangis nguguk
Esih bocah diajari ora ngormati pangan
Sega dibuangi ben dina.
Januari 2026.

Komentar
Posting Komentar