Sabtu, 15 Oktober 2022

Piek Ardijanto Soeprijadi

 Piek Ardijanto Soeprijadi

inggih punika sastrawan Indonésia angkatan 1966 ingkang miyos ing Magetan, Jawa Wétan tanggal 12 Agustus 1929 lan sampun séda ing Kota Tegal, Jawa Tengah tanggal 22 Mei 2001.

Piek Ardijanto sampun remen nyerat wiwit piyambakipun sekolah wonten ing SGA. Piyambakipun ugi remen ndhѐrѐk kathah lomba- lomba ngarang lan menang ing lomba- lomba punika, lajeng asiling karyanipun asring dipunkirim wonten ing majalah – majalah. Ing taun 1950, nalika piyambakipun dados guru ing sMP ing Gombong, piyambakipun saged ngasilaken kathah karya saking warahanipun guru musik ing SGA, kados ta ingkang kapacak wonten ing buku Puspa Ragam, (Jakarta, 1950). Wonten 14 penghargaan saking kathah lomba ngarang puisi, prosa, saha esai ing sadangunipun piyambakipun gesang. Wiwit saking lulus SR, pyambakipun lajeng mlebet SGB, lajeng saged mlebet ing SGA.

Ing antawisipun taun 1950 ngantos 1960, Piek Ardijanto ndherek kursus PGSLP lan B1 ing Semarang. Senajan sibuk piyambakipun tetep saged ngasilaken karya- karya arupi puisi, cerpen, saha fragmen ingkang kapacak wonten ing kathah media massa ing antawasipun: Gelora, Basis Indonesia, Sastra, Horison, lan sanѐs- sanѐsipun.Ing taun 1961, Piek pindhah tugas dhateng SMA 1 Kota Tegal. Piek ugi sampun naté dhateng Walanda saaking undhanganipun Radio Nedherland Wereldomrroep ing Hilversum kanthi tugas dados Juri Sayembara Menulis Cerpen “Kincir Emas”. Piyambakipun wonten ing Walanda sareng kaliyan Asbari Nurpatria Krisna.

Karyanipun:

Burung-burung di Ladang (1983)

Percakapan Cucu dengan Neneknya (1983)

Desaku Sayang (1983)

Lelaki di Pinggang Bukit (1984)

Lagu Bening dari Rawa Pening (1984)

Nelayan dan Laut (1995)

Biarkan Angin Itu (1996)

Kawindra-kawindra (sareng kaliyan Rita Oetoro, 1984)

Laut Sebagai Gelanggang Hidup Manusia (waosan laré- laré, 1984)

Apresiasi Sastra dalam Nilai-nilai Luhur Budaya Bangsa (satunggaling wawasan, 1984)

Menyambut Hari Sumpah Pemuda (Langen Suara, 1984)

Gaya Baru, buku pelajaran kanggé laré SMP (1984)

antologi sesarengan :

Antologi Angkatan 66 (H.B Jassin, 1968)

Tanggal 2 (Linus Suryadi, 1987)

Senayu (sesarengan kaliyan penyair Purwokerto, 1995)

Antologi Puisi Jawa Tengah (1994)

angsal penghargaan :

Pemenang kaping 2 awit saking sapérangan puisnipun ingkang kapacak wonten ing Majalah Sastra (1962)

Pemenang kaping 2 wonten ing Sayembara menulis puisi saking Kejaksaan Tinggi Jawa Tengah (1964)

Pemenang Harapan wonten ing Sayembara Menulis Esei Sastra, Dewan Kesenian Jakarta (1978)

Penghargaan dari Yayasan Buku utama saking puisinipun, Lagu Bening dari Rawa Pening (1984)

Hadiah saking seratan Esei Basa Jawa, Ninthingi Geguritan, saking Lembaga Pemeliharaan Bahasa Jawa “Javanologi”

Penghargaan saking Pusat Bahasa saking bukunipun, Biarkan Angin Itu

Penghargaan dados Pelopor Penyair Tegal saking Dewan Kesenian Kota Tegal. Dinten sédanipun ing tangal (22 Mei) dipundadosaken Hari Kepenyairan Tegal (2005)

Penghargaan Pakarti seni lan hadiah saking Walikota Tegal dados penyair ingkang saged ngangkat citranipun Kota Tegal (2008)



Label:

0 Komentar:

Posting Komentar

Berlangganan Posting Komentar [Atom]

<< Beranda